Sangkuriang Baru - Bahasa Jawa


Ing jaman biyen, ing tanah Pasundan uripe wong wadon ayu kang jenenge Dayang Sumbi. Dheweke dikaruniai anak lanang jenenge Sangkuriang. 





Ing sawijining dina, Sangkuriang lungo mburu karo Tumang. Tumang kuwi Dewa ingkang njalmo dadi manungso lan dadi garwonipun Dayang Sumbi lan Bapakne Sangkuriang.
Amarga ora ketemu mangsane lan ngelih, banjur mateni tumang lan njupuk atine supaya ibune masak . Dayang Sumbi sing lesu sawise ngerti babagan iki, banjur nggebug sirahe Sangkuriang nganti tatu. Sangkuriang lunga ngambara. 



Pirang – pirang taun kepungkur, Sangkuriang bali menyang desa lan ketemu karo Wanita ayu sing ora dingerteni. Yaiku Dayang Sumbi sing wis tuwa. Padha tresna lan rencana kanggo rabi. Nanging Dayang Sumbi ngerteni Sangkuriang saka bekas tatu ing sirahe. Dheweke nyoba nerangke yen dheweke ibu lan anak, nanging Sangkuriang ora percaya.



Kanggo nyegah palakrama terlarang iki, Dayang Sumbi menehi rong syarat sing ora mungkin : mbendung kali lan nggawe prahu gedhe ing wayah wengi. Sangkuriang meh kasil kanti bantuan arwah. 


Weruh kuwi, Dayang sumbi nggawe trik kanthi nggebugi pari lan ngobongake obor supaya jago kluruk, ndadekake Sangkuriang ngira yen wis subuh lan dheweke gagal. Sangkuriang sing lesu nendang prahu sing meh rampung nganti mumbul adoh lan tibo, dadi gunung sing saiki diarani “Gunung Tangkuban Prahu”.


Semoga Bermanfaat.

No comments: